Serat
wedhatama ini adalah salah satu serat karangan {KGPH} Kanjeng Gusti Pangeran Harya Mangkunegara IV,
berasal dari dua kata wedha yang berarti ajaran dan tama yang berarti utama,
serat ini berisi tentang ajaran-ajaran kebaikan, budi pekerti dan akhlak yang
hingga sampai sekarang masih dapat diterapkan dalam kehidupan, serat ini
ditulis dalam bentuk tembang macapat agar mudah diingat dan digemari oleh
masyarakat Jawa yang pada umumnya menyukai kesenian. Naskah aslinya sekarang
masih dapat kita lihat di Museum Reksapustaka di Pura Mankunegaran lantai dua.
PUPUH I
P A N G K U R
01
Mingkar-mingkuring
ukara, akarana karenan mardi siwi, sinawung resmining kidung, sinuba
sinukarta, mrih kretarta pakartining ilmu luhung,kang tumrap ing tanah
Jawa, agama ageming aji.
02
Jinejer ing
Weddhatama, mrih tan kemba kembenganing pambudi,mangka nadyan tuwa pikun,
yen tan mikani rasa, yekti sepi sepa lir sepah asamun,samasane
pakumpulan, gonyak-ganyuk nglelingsemi.
03
Nggugu karsane
priyangga, nora nganggo peparah lamun angling,lumuh ingaran
balilu, uger guru aleman, nanging janma ingkang wus waspadeng
semu, sinamun samudana, sesadoning adu manis .
04
Si pengung nora
nglegewa, sangsayarda denira cacariwis, ngandhar-andhar
angendukur, kandhane nora kaprah, saya elok alangka
longkangipun, si wasis waskitha ngalah, ngalingi marang sipingging.
05
Mangkono ilmu
kang nyata, sanyatane mung we reseping ati,bungah ingaran
cubluk, sukeng tyas yen den ina, nora kaya si punggung anggung
gumunggung, ugungan sadina dina, aja mangkono wong urip.
06
Uripa sapisan
rusak, nora mulur nalare ting saluwir, kadi ta guwa kang sirung, sinerang
ing maruta, gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung, pindha padhane si
mudha, prandene paksa kumaki.
07
Kikisane mung
sapala, palayune ngendelken yayah wibi, bangkit tur bangsaning luhur, lah iya
ingkang rama, balik sira sarawungan bae durung, mring atining tata krama,
nggon-anggon agama suci.
08
Socaning
jiwangganira, jer katara lamun pocapan pasthi, lumuh asor kudu unggul, sumengah
sesongaran,yen mangkono kena ingaran katungkul, karem ing reh kaprawiran, nora
enak iku kaki.
09
Kekerane ngelmu
karang, kakarangan saking bangsaning gaib, iku boreh paminipun, tan rumasuk ing
jasad, amung aneng sajabaning daging kulup, Yen kapengkok pancabaya,
ubayane mbalenjani.
10
Marma ing
sabisa-bisa, babasane muriha tyas basuki, puruitaa kang patut, lan traping
angganira, Ana uga angger ugering kaprabun, abon aboning panembah, kang kambah
ing siang ratri.
11
Iku kaki
takokena, marang para sarjana kang martapi, mring tapaking tepa tulus, kawawa
nahen hawa, Wruhanira mungguh sanjataning ngelmu, tan mesthi neng janma wreda,
tuwin muda sudra kaki.
12
Sapantuk
wahyuning Allah, gya dumilah mangulah ngelmu bangkit, bangkit mikat reh
mangukut, kukutaning Jiwangga, Yen mangkono kena sinebut wong sepuh, liring
sepuh sepi hawa, awas roroning ngatunggil.
13
Tan samar
pamoring Sukma, sinukma ya winahya ing ngasepi, sinimpen telenging kalbu,
Pambukaning waana, tarlen saking liyep layaping ngaluyup, pindha pesating
supena, sumusuping rasa jati.
14
Sajatine kang
mangkono, wus kakenan nugrahaning Hyang Widi, bali alaming ngasuwung, tan karem
karamean, ingkang sipat wisesa winisesa wus, mulih mula mulanira, mulane wong
anom sami.
PUPUH II
SINOM
01
Nulada laku
utama, tumrape wong Tanah Jawi, Wong Agung ing Ngeksiganda, Panembahan
Senopati, kepati amarsudi, sudane hawa lan nepsu, pinesu tapa brata, tanapi ing
siyang ratri, amamangun karenak tyasing sesama.
02
Samangsane
pesasmuan, mamangun martana martani, sinambi ing saben mangsa, kala kalaning
asepi, lelana teki-teki, nggayuh geyonganing kayun, kayungyun eninging tyas,
sanityasa pinrihatin, puguh panggah cegah dhahar, lawan nendra.
03
Saben nendra
saking wisma, lelana laladan sepi, ngisep sepuhing supana, mrih pana pranaweng
kapti, titising tyas marsudi, mardawaning budya tulus, mese reh kasudarman,
neng tepining jala nidhi, sruning brata kataman wahyu dyatmika.
04
Wikan wengkoning
samodra, kederan wus den ideri, kinemat kamot hing driya, rinegan segegem dadi,
dumadya angratoni, nenggih Kanjeng Ratu Kidul, ndedel nggayuh nggegana, umara
marak maripih, sor prabawa lan Wong Agung Ngeksiganda.
05
Dahat denira
aminta, sinupeket pangkat kanci, jroning alam palimunan, ing pasaban
saben sepi, sumanggem anjanggemi, ing karsa kang wus tinamtu, pamrihe mung
aminta, supangate teki-teki, nora ketang teken janggut suku jaja.
06
Prajanjine
abipraja, saturun-turun wuri, Mangkono trahing ngawirya, yen amasah mesu budi,
dumadya glis dumugi, iya ing sakarsanipun, wong agung Ngeksiganda, nugrahane
prapteng mangkin, trah tumerah darahe pada wibawa.
07
Ambawani tanah
Jawa, kang padha jumeneng aji, satriya dibya sumbaga, tan lyan trahingSenapati,
pan iku pantes ugi, tinelad labetanipun, ing sakuwasanira, enake lan jaman
mangkin, sayektine tan bisa ngepleki kuna.
08
Luwung kalamun
tinimbang, ngaurip tanpa prihatin, Nanging ta ing jaman mangkya, pra mudha kang
den karemi, manulad nelad Nabi, nayakeng rad Gusti Rasul, anggung ginawe umbag,
saben saba mapir masjid, ngajap-ajap mukjijat tibaning drajat.
09
Anggung anggubel
sarengat, saringane tan den wruhi, dalil dalaning ijemak, kiyase nora mikani,
katungkul mungkul sami, bengkrakan neng masjid agung, kalamun maca kutbah,
lelagone dhandhanggendhis, swara arum ngumandhang cengkok palaran.
10
Lamun sira paksa
nulad, Tuladhaning Kangjeng Nabi, O, ngger kadohan panjangkah, wateke tak betah
kaki, Rehne ta sira Jawi, satitik bae wus cukup, aja ngguru aleman, nelad
kas ngepleki pekih, Lamun pungkuh pangangkah yekti karamat.
11
Nanging enak
ngupa boga, rehne ta tinitah langip, apa ta suwiteng Nata, tani tanapi agrami,
Mangkono mungguh mami, padune wong dhahat cubluk, durung wruh cara Arab, Jawaku
bae tan ngenting, parandene pari peksa mulang putra.
12
Saking duk
maksih taruna, sadhela wus anglakoni, aberag marang agama, maguru anggering
kaji, sawadine tyas mami, banget wedine ing besuk, pranatan ngakir jaman, Tan
tutug kaselak ngabdi, nora kober sembahyang gya tininggalan.
13
Marang ingkang
asung pangan, yen kasuwen den dukani, abubrah bawur tyas ingwang, lir kiyamat
saben hari, bot Allah apa gusti, tambuh-tambuh solah ingsun, lawas-lawas
graita, rehne ta suta priyayi, yen mamriha dadi kaum temah nista.
14
Tuwin ketib
suragama, pan ingsun nora winaris, angur baya angantepana, pranatan wajibing
urip, lampahan angluluri, aluraning pra luluhur, kuna kumunanira, kongsi
tumekeng semangkin, Kikisane tan lyan among ngupa boga.
15
Bonggan kang tan
mrelokena, mungguh ugering ngaurip, uripe tan tri prakara, wirya, arta,
tri winasis, kalamun kongsi sepi, saka wilangan tetelu, telas tilasing janma,
aji godhong jati aking, temah papa papariman ngulandara.
16
Kang wus waspada
ing patrap, mangayut ayat winasis, wasana wosing Jiwangga, melok tanpa
aling-aling, kang ngalingi kaliling, wenganing rasa tumlawung, keksi saliring
jaman, angelangut tanpa tepi, yeku aran tapa tapaking Hyang Sukma.
17
Mangkono janma
utama, tuman tumanem ing sepi, ing saben rikala mangsa,masah amemasuhbudi,
lahire den tetepi, ing reh kasatriyanipun, susila anor raga, wignya met tyasing
sesame, yeku aran wong barek berag agama.
18
Ing jaman mengko
pan ora, arahe para turami, yen antuk tuduh kang nyata, nora pisan den lakoni,
banjur njujurken kapti, kakekne arsa winuruk, ngandelken gurunira, pandhitane
praja sidik, tur wus manggon pamucunge mring makrifat.
PUPUH III
PUCUNG
01
Ngelmu iku,
kalakone kanthi laku, lekase lawan kas, tegese kas nyantosani, setya budya
pangkese dur angkara.
02
Angkara gung,
neng angga anggung gumulung, gogolonganira triloka, lekere kongsi, yen den
umbar ambabar dadi rubeda.
03
Beda lamun, kang
wus sengsem reh ngasamun, semune ngaksama, sasamane bangsa sisip, sarwa sareh
saking mardi marto tama.
04
Taman limut,
durgameng tyas kang weh limput, kereming karamat, karana karohaning sih, sihing
Sukma ngreda sahardi gengira.
05
Yeku patut,
tinulad-tulad tinurut, sapituduhira, aja kaya jaman mangkin, keh pramudha
mundhi dhiri lapel makna.
06
Durung
pecus,kesusu kaselak besus, amaknani lapal, kaya sayid weton Mesir,
pendhak-pendhak angendhak gunaning janma.
07
Kang kadyeku,
kalebu wong ngaku-aku, akale alangka, elok Jawane denmohi, paksa ngangkah
langkah met kawruh ing Mekah.
08
Nora weruh,
rosing rasa kang rinuruh, lumeketing angga, anggere padha marsudi, kana-kene
kaanane nora beda.
09
Uger lugu, den
ta mrih pralebdeng kalbu, yen kabul kabuka, ing drajat kajating urip, kaya kang
wus winahyeng sekar srinata.
10
Basa ngelmu,
mupakate lan panemu, pasahe lan tapa, yen satriya tanah Jawi, kuna-kuna kang
ginilut triprakara.
11
Lila lamun,
kelangan nora gegetun, trima yen kataman, sakserik sameng dumadi, trilegawa
nalangsa srahing Batara.
12
Batara gung,
inguger graning jajantung, jenak Hayang Wisesa, sana paseneten Suci, nora kaya
si mudha mudhar angkara.
13
Nora uwus,
kareme anguwus-uwus, uwose tan ana, mung janjine muring-muring, kaya buta-buteng
betah nganiaya.
14
Sakeh
luput, ing angga tansah linimput, linimpet ing sabda, narka tan ana
udani, lumuh ala ardane ginawe gada.
15
Durung punjul,
ing kawruh kaselak jujul, kaseselan hawa, cupet kapepetan pamrih, tangeh nedya
anggambuh mring Hyang Wisesa.
PUPUH IV
GAMBUH
01
Samengko ingsun
tutur, sembah catur: supaya lumuntur, dihin: raga, cipta, jiwa, rasa, kaki, ing
kono lamun tinemu, tandha nugrahaning Manon.
02
Sembah raga
puniku,pakartine wong amagang laku, susucine asarana saking warih, kang wus
lumrah limang wektu, wantu wataking wawaton.
03
Inguni-uni
durung, sinarawung wulang kang sinerung, lagi iki bangsa kas ngetok-ken anggit,
mintoken kawignyanipun, sarengate elok-elok.
04
Thithik kaya
santri Dul, gajeg kaya santri brahi kidul, saurute Pacitan pinggir pasisir,
ewon wong kang padha nggugu, anggere guru nyalemong.
05
Kasusu arsa
weruh, cahyaning Hyang kinira yen karuh, ngarep-arep urup arsa den kurebi, Tan
wruh kang mangkoko iku, akale keliru enggon.
06
Yen ta jaman
rumuhun, tata titi tumrah tumaruntun, bangsa srengat tan winor lan laku batin,
dadi ora gawe bingung, kang padha nembah Hyang Manon.
07
Lire sarengat
iku, kena uga ingaranan laku, dihin ajeg kapindhone ataberi, pakolehe
putraningsun, nyenyeger badan mwih kaot.
08
Wong seger
badanipun, otot daging kulit balung sungsum, tumrah ing rah memarah antenging
ati, antenging ati nunungku, angruwat ruweting batos.
09
Mangkono mungguh
ingsun, ananging ta sarehne asnafun, beda-beda panduk panduming dumadi,
sayektine nora jumbuh, tekad kang padha linakon.
10
Nanging ta paksa
tutur, rehning tuwa tuwase mung catur, bok lumuntur lantaraning reh utami, sing
sapa temen tinemu, nugraha geming Kaprabon.
11
Samengko sembah
kalbu, yen lumintu uga dadi laku, laku agung kang kagungan Narapati, patitis
tetesing kawruh, meruhi marang kang momong.
12
Sucine tanpa
banyu, mung nyenyuda mring hardaning kalbu, pambukane tata, titi, ngati-ati,
atetetp talaten atul, tuladhan marang waspaos.
13
Mring jatining
pandulu, panduk ing ndon dedalan satuhu, lamun lugu leguting reh maligi,
lageane tumalawung, wenganing alam kinaot.
14
Yen wus kambah
kadyeku, sarat sareh saniskareng laku, kalakone saka eneng, ening,
eling, Ilanging rasa tumlawung, kono adile Hyang Manon.
15
Gagare ngunggar
kayun, tan kayungyun mring ayuning kayun, bangsa anggit yen ginigit nora dadi,
Marma den awas den emut, mring pamurunging lelakon.
16
Samengko kang
tinutur, sembah katri kang sayekti katur, mring Hyang Sukma sukmanen
sehari-hari, arahen dipun kecakup, sembah ing Jiwa sutengong.
17
Sayekti luwih
prelu, ingaranan pepuntoning laku, kalakuan kang tumrap bangsaning batin,
sucine lan Awas Emut, mring alame alam amot.
18
Ruktine ngangkah
ngukut, ngiket ngrukut triloka kakukut, jagad agung gimulung lan jagad cilik,
Den kandel kumandel kulup, mring kelaping alam kono.
19
Keleme mawa
limut, kalamatan jroning alam kanyut, sanyatane iku kanyatan kaki, Sajatine yen
tan emut, sayekti tan bisa awor.
20
Pamete saka
luyut, sarwa sareh saliring panganyut, lamun yitna kayitnan kang mitayani,
tarlen mung pribadinipun, kang katon tinonton kono.
21
Nging aywa salah
surup, kono ana sajatining Urub, yeku urup pangarep uriping Budi, sumirat sirat
narawung, kadya kartika katongton.
22
Yeku wenganing
kalbu, kabukane kang wengku winengku, wewengkone wis kawengku neng sireki,
nging sira uga kawengku, mring kang pindha kartika byor.
23
Samengko ingsun
tutur, gantya sembah ingkang kaping catur, sembah Rasa karasa rosing dumadi,
dadine wis tanpa tuduh, mung kalawan kasing Batos.
24
Kalamun durung
lugu, aja pisan wani ngaku-aku, antuk siku kang mangkono iku kaki, kena
uga wenang muluk, kalamun wus pada melok.
25
Meloke ujar iku,
yen wus ilang sumelang ing kalbu, amung kandel kumandel ngandel mring takdir,
iku den awas den emut, den memet yen arsa momot.
26
Pamoring ujar
iku, kudu santosa ing budi teguh, sarta sabar tawekal legaweng ati, trima lila
ambeh sadu, weruh wekasing dumados.
27
Sabarang
tindak-tanduk, tumindake lan sakadaripun, den ngaksama kasisipaning sesami,
sumimpanga ing laku dur, hardaning budi kang ngrodon.
28
Dadya wruh iya
dudu, yeku minangka pandaming kalbu, inkang buka ing kijab bullah agaib,
sesengkeran kang sinerung, dumunung telenging batos.
29
Rasaning urip
iku krana momor pamoring sawujud, wujuddullah sumrambah ngalam sakalir, lir
manis kalawan madu, endi arane ing kono.
30
Endi manis endi
madu, yen wis bisa nuksmeng pasang semu, pasamaoning hebing kang Maha Suci,
kasikep ing tyas kacakup, kasat mata lair batos.
31
Ing batin tan
keliru, kedhap kilap liniling ing kalbu, kang minangka colok celaking Hyang Widi,
widadaning budi sadu, pandak panduking liru nggon.
32
Nggonira mrih
tulus, kalaksitaning reh kang rinuruh, ngayanira mrih wikal, warananing gaib,
paranta lamun tan weruh, sasmita jatining endhog.
33
Putih lan
kuningpun, lamun arsa titah teka mangsul, dene nora mantra-mantra yen ing lair,
bisa aliru wujud, kadadeyane ing kono.
34
Istingarah tan
metu, lawan istingarah tan lumebu, dene ing njro wekasane dadi njawi, raksana
kang tuwajuh, aja kongsi kabasturon.
35
Karana yen
kebanjur, kajantaka tumekeng saumur, tanpa tuwas yen tiwasa ing dumadi, dadi
wong ina tan wruh, dhewekw den anggep dhayoh.
PUPUH V
K I N A N T H I
01
Mangka kantining
tumuwuh, salami mung awas eling, eling lukitaning alam, wedi weryaning dumadi,
supadi niring sangsaya, yeku pangreksaning urip.
02
Marma den taberi
kulup, angulah lantiping ati, rina wengi den anedya, pandak-panduking pambudi,
bengkas kahardaning driya, supadya dadya utami.
03
Pangasahe sepi
samun, aywa esah ing salami, samangsa wis kawistara, lalandhepe mingis-mingis,
pasah wukir reksa muka, kekes srabedaning budi.
04
Dene awas
tegesipun, weruh warananing urip, miwah wisesaning tunggal, kang atunggil rina
wengi, kang mukitan ing sakarsa, gumelar ngalam sakalir.
05
Aywa sembrana
ing kalbu, wawasen wuwus sireki, ing kono yekti karasa, dudu ucape pribadi,
marma den sembadeng sedya, wewesen praptaning uwis.
06
Sirnakna
semanging kalbu, den waspada ing pangeksi, yeku dalaning kasidan, sinuda saka
satitik, pamotahing nafsu hawa, jinalantih mamrih titih.
07
Aywa mamatuh
malutuh, tanpa tuwas tanpa kasil, kasalibuk ing srabeda, marma dipun ngati-ati,
urip keh rencananira, sambekala den kaliling.
08
Upamane wong
lumaku, marga gawat den liwati, lamun kurang ing pangarah, sayekti karendet ing
ri, apese kasandhung padhas, babak bundhas anemahi.
09
Lumrah bae yen
kadyeku, atetamba yen wis bucik, duwea kawruh sabodag, yen ta nartani ing
kapti, dadi kawruhe kinarya, ngupaya kasil lan melik.
10
Meloke yen arsa
muluk, muluk ujare lir wali, wola-wali nora nyata, anggepe pandhita luwih,
kaluwihane tan ana, kabeh tandha-tandha sepi.
11
Kawruhe mung ana
wuwus, wuwuse gumaib baib, kasliring titik tan kena, mancereng alise gatik, apa
pandhita antige, kang mangkono iku kaki.
12
Mangka ta kang
aran laku, lakune ngelmu sajati, tan dahwen pati openan, tan panasten nora
jail, tan njurungi ing kaardan, amung eneng mamrih ening.
13
Kunanging budi
luhung, bangkit ajur ajer kaki, yen mangkono bakal cikal, thukul wijining
utami, nadyan bener kawruhira, yen ana kang nyulayani.
14
Tur kang
nyulayani iku, wus wruh yen kawruhe nempil, nanging laire angalah, katingala
angemori, mung ngenaki tyasing liyan, aywa esak aywa serik.
15
Yeku ilapating
wahyu, yen yuwana ing salami, marga wimbuh ing nugraha, saking heb kang Maha
Suci, cinancang pucuking cipta, nora ucul-ucul kaki.
16
Mangkono ingkang
tinamtu,tampa nugrahaning Widhi, marma ta kulup den bisa, mbusuki ujaring
janmi, pakoleh lair batinnya, iyeku budi premati.
17
Pantes tinulad
tinurut, laladane mrih utami, utama kembanging mulya, kamulyaning jiwa dhiri,
ora yen ta ngeplekana, lir leluhur nguni-uni.
18
Ananging ta
kudu-kudu, sakadarira pribadi, aywa tinggal tutuladan, lamun tan mangkono kaki,
yekti tuna ing tumitah, poma kaestokna kaki.